![]() |
| ilustrai/gambar by tribunnew-sjogja |
GELAR ALUTSISTA TNI
Peringatan Hari TNI
Sabtu-Minggu, 6-7 Oktober 2018
06:00 - 12:00
Mako armada II
Seng pasti acarane ono pameran alutsista teko TNI mulai senjata perang, kapal perang, tank, sampek helicopter ono kabeh. Ditambah ono bazaar kuliner & fashion pisan. Gak mek iku pas Sabtu & Minggu ono acara liyane antarane:
Acara Sabtu:
● Demo beladiri gabungan
● Demo Terjun payung
● Marching band genderang suling taruna/i AAL
● Fun ride & joy sailing nggawe KAL BAWEAN
Acara Minggu:
● Fun bike start lapangan Kodam
● Fun run 5K start sekitar Mako Armada II
● Hiburan & Doorprize
● Fun ride & joy sailing nggawe LCVP
● Demo pesawat udara TNI AL "Bonanza neptune harmony flight Reborn"
MLEBUNE GRATIS GAWE UMUM, tapi lek pengen melok fun bike, fun run, sampek undian doorprise yo mbayaro!
Bakal ono doorprize 1 Mobil, 5 motor, 5 lemari es, 5 sepeda, dll.
Info lengkap fun bike & fun run:
0811934656 / 082132299191
TIPS
- Rundown acara jam 06:00-12:00. Jam 12 awan acara wes buyar. Gerbang mlebu ditutup jam 11, usahakno teko sadurunge jam 11 soale penjagaane ketat pol teko TNI. Tapi seng wes nang njero iso metu jam 12 lebih
- Mlebu mako armada II iki gratis gawe umum, kesempatan mlebu mrene bebas mek setaon ping 2 (wulan iki karo Desember pas Hari Armada/NBOD)
- Seng pasti iso mlebu metu nang kapal-kapal seng ono nang kono. Termasuk munggah patung Monjaya seng gede nang kono yoiso. Seng pengen golek jodoh mas-mas taruna & tentara yo ndang mrene.
- Ancer-ancere mlebu teko jalan raya Hangtuah (cidek jembatan petekan) nang kono ono gerbang AL (basis AL) mlebu ae terus sampek notok engko ono seng ngarahno kok
- Jarak parkir kendaraan karo venue iso 500-700 meter dadi ojo kaget,tapi iso ndelok akeh kapal TNI pas mlaku nang venue
- Nggowo payung soale puanas poll, efek panas awan-awan + aspal panas + cidek laut
- Nggowo kamera gawe foto-foto
- Nggowo mantan yo oleh ..🤭 sing penting gak nggowo bojo e tonggo.
